Assalamu'alaikum wr. Wb
Ingkang
kinurmatan kepala pawiyatan SDN Gasang setunggal ,
Ingkang kawulo
hormati bapak Kepala Desa Soho perangkatipun,
Ingkang kawulo
hormati bapak –ibu guru ingkang satuhu
luhuring budi,
Bapak Ibu Wali
Murid ingkang kawulo hormati ugi,
lan rencang-rencang kelas 6 ugi perwakilan
adik kelas ingkang kula trisnani.
Mangga kita
sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika
sahingga kita sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan puniko.
Sholawat salam
kagunganipun Gusti Alloh mugii konjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW.
Bapak Ibu
undangan ugi Sederek sedaya.
Ing mriki kulo
minangkani wakil saking kelas VI,
Sak menika kula sakanca ngaturaken maturnuwun
ingkang sak ageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun nggulawentah wonten
pawiyatan menika, ingkang mboten kraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan mriki dangunipun sampun nenem warsa.
wonten ing
adicara menika ,kula nyuwun agengipun pangapunten katur bapak-ibu guru amargi
wonten ing nenem warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah
kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja.mugi-mugi bapak-ibu guru
kersa paring pangapunten sedaya kelepatan kula sakanca
Satuhunipun
kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika. Amargi sedaya ingkang
wonten mriki sampun kados sederek lan kulawarga,namung kula kedah nglanjutaken
ngangsu kaweruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kula kedah saget ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Dumateng
adik-adik kelas kulo wonten ing pawiyatan SDN Gasang setunggal mriki monggo
sami dipun tingkataken angsalipun sinau supados dados tiang ingkang migunani tumraping Bangsa lan Nagari.
Bapak Ibu
undangan ugi Sederek sedaya.
Kadosipun
sampun anggen kulo matur, menawi wonten kelepatan nyuwun pangapunten ingkang
sak ageng-agengipun.
Wassalamualaikum
Wr Wb

Tidak ada komentar:
Posting Komentar